Kembali ke Artikel
Triwikrama (Antologi Geguritan)
18 Oct/2024

Triwikrama (Antologi Geguritan)

Judul: Triwikrama (Antologi Geguritan)

Penulis: Merry Crista

Editor: Khoen Eka Anthy S.A.

Halaman: viii, 64 hlm, 14,8 x 21 cm

Cetakan: Pertama, Oktober 2024

Penerbit: Pustaka Mediaguru

ISBN:

Harga:

 

SINOPSIS

 

Triwikrama punika antologi geguritan kang sumbere saking ngolah rasa, jiwa, lan karsa. Ing antologi geguritan punika kasusun nyelarasake kathah tema antarane katresnan kang dioyak dening garising pepesthi, kemlaratan, kuciwa, lelara, pahlawan, negara, kamardhikan, garwa kinasih, kakuwasaan lan bab guru kang dados jiwaning panulis.

Triwikrama kang anggadahi teges mukjizat utawa kakuwatan kang ageng sanget wujude. Kakuwatan punika saged nyerep lan nyawiji ndadekake daya lan kakuwatan kang langkung sekti lan nginggil ing donyaning pewayangan Jawi. Triwikrama boten namung kawates kakuwatan raga kemawon, ugi kakuwatan jiwa lan saged maringi pangaribawa tumrap manungsa supaya saged nggulawentah dhiri lan sarana latiyan sarta dadi gaman ngadepi pacoban ugi tantangan urip kang merbawani sanget saengga saged nyelarasake kathah tema lan unsur ing antologi niki.

Kakuwatan pikiran lan emosional yen saged kaolah kanthi pener. Sejatosipun budi dayaning manungsa tan winates, landhep kadya keris pulanggeni, lan itis kadya panah pasopati nalika diasah kanthi sinau lan nyerat karya. Kayadene Triwikrama, kakuwatan tan ora sanalare manungsa, nanging krenteg ing panggalih sarta emosional dhiri minangka wujud eksistensi lan nampilake profil tut wuri handayani saking digugu lan ditiru.

JELAJAH